Wayang merupakan salah satu kesenian budaya di Indonesia, berikut adalah jenis wayang / pewayangan
1. Wayang Beber : Wayang wujud gambar jejeran, saka kertas kandel/mori
sing wis di gambari.
Critane R. Panji Inu Kertapati lan Dewi Sekartaji.
2. Wayang Gedhog /Wasana : Wayang sing kagawe saka lulang.
Critane R. Panji Inu Kertapati.
3. Wayang Golek : Wayang saka kayu kawangun golek Critane Mahabarata
lan Ramayana.
4. Wayang Jemblung : Wayang saka kayu kawangun wong.
Sumebar in daerah pesisir lor pulo Jawa, Blora, Cepu.
Creitane bab Babad (kaya kethoprak).
5. Wayang Kancil / Dupara : Wayang kang kagawe saka lulang. Cerita kancil.
6. Wayang Klithik : Wayang kang kagawe saka kayu gepeng
7. Wayang Krucil : Wayang saka lulang cilik-cilik, tangane wudhar siji,
sijine malangkerik. Critane bab Babad.
8. Wayang Madya : Wayang saka lulang, malika jaman Demak.
Critane Mahabarata.
9. Wayang Menak : Wayang saka kayu kawangun wong.
Critane Wong Agung Jayengrana, Umarmaya,
lan Umarmadi (dakwah agama islam).
10. Wayang Potehi : Wayang wujud boneka, cilik-cilik.
Critane jaman KratonTar Tar / Babad Cina.
11. Wayang Purwa : Wayang sing kagawe saka kulit (lulang).
Critane Mahabarata lan Ramayana.
12. Wayang Suluh/Pancasila : Wayang saka lulang Kawangun wong.
Ceritane Panguripane wong.
13. Wayang Wahyu : Wayang saka lulang kawangun wong.
Critane bab penerangan agama (Katholik)
14. Wayang Wong : Wayang sing ditindakake dening wong.
Critane Mahabarata lan Ramayana Jinising wayang
EmoticonEmoticon